humor suroboyoan : "Mbecak"

Mbecak - Bosen ngemis, saiki Wonokairun mbecak. Be'e hasile luwih akeh pikire. Pas mancal 
ambek tingak-tinguk golek penumpang, moro-moro ono turis bule nyeluk.  
"Come ...please . . ." jarene bule ambek ngawe becake Wonokairun. 
"Kamplis... ??? . . .wah salah, sing bener iku Klampis mister..cedhake jalan Mletho kono 
lho . . ." jare Wonokairun. 
"Pardon me..??" bulene bingung. 
"Parmi ..?? oalah Parmi tah ? iyo weruh aku omahe." jare Wonokairun ambek ngguya 
ngguyu. 
"What ??!!" bulene sik bingung. 
"Kuat ??? . ..yo kuat rek, masio wis tuwek tapi sik tahes iki . ." jare Wonokairun ambek 
mantuk mantuk.  
"Lets go !! . ." jarene bule mantuk-mantuk pisan. 
"Pekgo !! . .wok kemalan rek !! wong ngomong limang ewu ae athik boso mandarin barang. 
Oke Mister !!" jare Wonokairun. 
Mari bulene munggah, Wonokairun langsung nyengklak becake. Bareng wis mlebu Klampis gang buntu, Wonokairun langsung bengok-bengok. "Diiinnn !!! Bruuuudiinnnn 
!!!! Ono wong bule nggoleki bojomuuuuu .!!!!" 


** Kwaaak...kwa..kwa..kwa.....lucu..